
Interviewer (I): Kowe duwe omah opo ora?
Calon pegawai (C): Dereng.
I: Kowe ora iso ketompo nang kene.
C: Lho kok ngaten?
I: Mengko kowe mesti ngajukne utang nang perusahaan.
C: Ah.. mboten kok, sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
I: Malah ora ketompo
C: Lho kok ngaten?
I: Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong wae, chatting terus.
I: Kowe duwe motor opo ora?
C: Mboten.
I: Ora ketompo.
C: Lho kok mboten?
I: Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
C: Sak janipun gadhah, ning tasih teng kampung, gampil mangke kulo beto mriki.
I: Wah ora ketompo.
C: Lho kok ngoten?
I: Tempat parkire wis kebak.
I: Kowé wis lulus sarjana tenan?
C: Sampun pak.
I: Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan mbayaré murah.
C: Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi
I: Malah ra ketompo.
C: Lho kados pundi to?
I: Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo.
I: Kowé seneng guyon ora?
C: Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé.
I: Ra ketompo.
C: Welha.. Kok ngoten?
I: Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
C: Sakjané nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
I: Malah ora ketompo.
C: Lho kok?
I: ngko gaweanmu mung ndagel marahi nguyu terus ora podo kerjo.
I: Anakmu akèh opo sithik?
C: Kathah pak
I: Ora ketompo.
C: Sebabipun?
I: Nyambut gawemu ora tenanan mung mikir gawe anak terus.
C: Lha wong namung anak adopsi, kok.
I: Tambah ora ketompo.
C: Lho?
I: Gawé anak waé aras-arasen, opo manèh nyambut gawé.
I: Kowé iso Internét ?
C: Mboten
I: Ora ketompo
C: Sebabipun?
I: Perusahaan ora nompo Buta Internet.
C: Sakjanipun nggih saget.
I: Tambah ora ketompo.
C: Lha kok?
I: Mengko gaweanmu mung update status sing lucu.
I: Kowe waras?
C: Waras to Pak.
I: Ra ketompo.
C: Kenging nopo?
I: Mengko kowe ora krasan nang kene.
C: Sakniki pun rodo edan.
I: Ora tak tompo.
C: Sebab?
I: Mengko aku duwe saingan.
Sumber: Adi W. Gunawan dari Facebook dengan sedikit perubahan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Monggo meninggalkan komentar..